contoh percakapan bahasa jawa tentang cerita Lutung Kasarung
Lutung Kasarung
BABAK 1[ing keraton]
Ing salah sawijining kraton
ana Raja kang adil lan wicaksana. Asmanipun Prabu Tapa Agung. Prabu Tapa Agung
duweni putri yaiku Purbasari lan Purbararang. Prabu Tapa Agung binggung amarga
nganti saiki gurung nemokake pewaris tahta kang bakal ngantekake deweke.
Prabu Tapa Agung
ngimpi di dawuhi menehake tahtane marang Putri Purbasari kamangka tahta kui
kudune diwenehke marang anak kang paling tua yaiku Purbararang, ananging
Purbararang nduweni sifat kang kurang apik bedo karo Purbasari kang duweni
sifat apik.
Suara :”kudune kang dadi ratu ing keraton
yaiku purbasari dudu purbararang amarga deweke luwih pantes lan sifate luwih
becik.”
Banjur Prabu ngomong marang Purbasari
lan Purbararang babagan warisan tahta mau.
Prabu :”Dina iki wis tak tetepke sing
bakal dadi pewaris tahta ing kraton iki yaiku Purbasari.”
Purbasari :”Nyuwun ngapunten Prabu. Menawi ingkang
dados Ratu mboten mbakyu Purbararang kemawon.”
Indrajaya :”Nyuwun pangapunten prabu,menapa ingkang
dipun ucapaken putri Purbasari punika leres.”
Prabu :”Ora Indrajaya, Purbasari kang
luwih pantes,aku percaya menawa Purbasari iso dadi patuladhan kanggo rakyatku
ing keraton iki. Purbararang apa kowe ora kaboten yen Purbasari dadi Ratu ing
keraton iki.”
Purbararang :”Mboten Prabu.”
Prabu banjur akon Lengser ngumumke kabar mau
menyang rakyat kraton.
Prabu :”Lengser umumna ing pelosok negeri,
yen Purbasari saiki dadi Ratu ing kraton iki.”
Lengser :”Sendika dhawuh Prabu.”
BABAK 2[ing desa para rakyat]
Lengser banjur ngumumke kabar apik mau marang
rakyat keraton,rakyat keraton kabeh padha Seneng amarga para rakyat
uga kepingin Purbasari kang dadi ratu.
Lengser :”Pengumuman,para rakyat keraton kabeh!
mulai dina iki lan sakteruse kang bakal dadi ratu ing keraton yaiku kanjeng Ratu Purbasari.”
BABAK 3[ing keraton]
Saktemene Purbararang lan Indrajaya ora sarujuk marang
keputusan prabu, banjur wong loro mau pada golek cara nyilakani
Purbasari.
Indrajaya :”Purbararang opo sing arep kok lakokake
saiki?”
Purbararang :”Aku bakal
golek akal, kepriye carane nyilakani Purbasari supoyo ora dadi ratu ing kraton
iki.”
Indrajaya :”Kowe ora perlu kuatir meneh Purbararang,
aku wis nyiapake boreh supaya Purbasari ala rupane.”
Purbararang :”Akal sing apik Indrajaya, aku wis
ora gelem di gawe sengsara maneh.”
BABAK 4[Ing panggonanae Aki lan kraton]
Purbararang
banjur lunga menyang aki-aki kanggo nglakokake rencana cengkelene marang
Purbasari.
Aki :”Wonten napa
kanjeng putri dateng mriki?
Purbararang :”Aku kepingin
ngawe Purbasari sengsara lan ala rupane.”
Aki :”Iku perkara
gampang putri.”
Aki banjur maca mantra-mantra
kanggo nyilakani Purbasari.Ing kraton Purbasari kelarab lan gatel-gatel awake
lara kabeh.
Purbasari :”Hah... apa kang
kedadean marang awakku???
BABAK 5[ing keraton]
Indrajaya lan Purbararang
iso ngelakokake rencana cengkele mau.Purbasari malih ala rupane. Para penghuni
kerajaan padha prihatin marang keadaan sing dialami dening Ratu Purbasari. Purbararang
justru golek keuntungan saka sengsarane Purbasari. Deweke mengaruhi pikiran prabu
supaya ngusir Purbasari.
Purbararang :”Prabu kula mboten purun menawi
Purbasari taksih wonten ing kraton punika, amargi kula khawatir penyakitipun
nular wonten penghuni keraton.”
Indrajaya :”Inggih Prabu, napa Prabu kersa rakyat
keraton sengsara. Leres ingkang dipun aturake putri Purbararang.”
Prabu :”Awake dewe uga kudu njalok
pendapate Purbasari dhisek ora asal ngusir dheweke saka kraton.”
Purbararang :”Nggih kula nyanteni Purbasari ing
kamar rumiyen.”
Purbasari ketok pucet lan
lemes banget deweke mung bisa nerima papa kang diwenehake marang deweke.
Purbararang :”Adhiku Purbasari prabu arep
ngrembug babagan kang serius karo sampean.”
Purbasari :”Iya mbakyu.”
Purbasari lan Purbararang
teka ing ruang pertemuan.
Prabu :”Purbasari,Prabu ora pengen yen
para rakyat sengsara merga ketularan penyakitmu.Apa
kowe ora kabotan yen kudu lunga disek saka kraton kanggo sawetara wektu.”
Purbasari :”Mboten napa-napa Prabu kula ikhlas
ninggalaken keraton.”
Prabu banjur akon Lengser ngawa Purbasari menyang alas.
Prabu :”Lengser! Gawanen Putri Purbasari
menyang alas.”
Lengser :”Sendika dhawuh Prabu.”
BABAK 6[ing alas]
Lengser ngawa Putri Purbasari menyang alas.
Purbasari :”Saiki wis tekan alas, saiki balio
menyang keraton.”
Lengser :”Sendika dhawuh Putri.”
Lengser banjur
bali menyang kraton.Ing alas Putri Purbasari ora dhewekan akeh kewan kang ngancani
kalebu Lutung kang sakbenere uga
manungsa sing diukum dadi Lutung merga polahe kang ora apik. Lutung lan Purbasari
tansoyo akur,banjur Lutung nyuwun marang gusti supaya penyakite Purbasari mari.
Lutung :”Duh gusti,mugi-mugi penyakitipun
Putri Purbasari lekas mantun.”
Panjaluke Lutung di
kabulake dening gusti, Purbasari banjur di kon adus ing kali kanggo ngilangi
penyakite mau. Purbasari iso mari lan pulih koyo mau.
Lutung :”Monggo putri badhanipun panjenengan
dipiun wasuh dening banyu sendhang menika.”
Purbasari :”Iya Lutung.”
Saklebare masuh awake ing
sendhang awake Purbasari malih resik kaya maune maneh lan dadi tambah ayu.
Purbasari matur nuwun sanget marang gusti lan uga marang Lutung.
Purbasari :”Duh gusti matur nuwun panjenengan sampun
paring kanikmatan punika dumateng kula.”
Purbasari :”Matur nuwun uga Lutung, sampean apikan
tenan marang aku.”
Lutung :”Inggih putri.”
BABAK 7[ing keraton]
Purbasari seneng banget iso mari lan
pulih koyo mau. Kabar kuwi nyebar nganti tekan kraton.Purbararang banjur takon
marang aki-aki kedadean apa sing ana ing alas.
Purbararang :”Aki. Kedadean apa sing ana ing
alas?”
Aki :”Mekaten Putri, wono niku sampun dados taman lan
wonten jamban saloka kang asri banget.”
Purbararang ora percaya
banjur deweke ngutus Lengser menyang alas.
Purbararang :”Lengser… Lengser…. Mreneo!”
Lengser :”Kula dhateng gusti ratu.”
Purbararang :”Lungo menyang alas ngomong marang
Purbasari yen arep tak ajak lomba adu keayuan, yen aku luwih ayu purbasari arep tak ukum
pancung..”
Lengser :”Sendika dhawuh gusti ratu.”
Lengser banjur lunga menyang alas ngoleki
Purbasari,lan ngaturake pesene Purbararang.
BABAK 8[ing alas]
Lengser ngoleki Purbasari ing alas nganti
ketemu banjur ngaturake pesene Purbararang kanthi rasa mesakake marang
Purbararang kang disia-sia terus marang Purbararang.
Lengser :”Nuwun kanjeng putri.”
Purbasari :”Eh… Lengser ana apa kok mara ing alas.
Kepriye kabare mbakyu Purbararang lan keraton.”
Lengser :”Kabaripun Gusti Ratu Purbararang lan
keraton becik-becik kemawon Putri, nanging Gusti Ratu Purbararang nantang
panjenengan adu keayuan. Yen Putri Purbasari kalah Putri Purbasari badhe dipun
ukum pancung.”
Purbasari :”Yen aku kudu mati enom aku lilo. Nanging
sing nyebabake aku sedih yaiku saking tegane mbakyu purbararang dhewekke tegel
tenan neng aku. Ya nak pancen kaya ngono panjaluke mbakyu Purbararang, kandakno
aku nerima tantangan kuwi.”
Lengser :”Sendika dhawuh Purtri.”
BABAK 9[ing alas]
Esuke Putri Purbararang lan para rakyat
keraton padha lunga menyang alas
nyeksekake lomba. Lomba banjur dimulai,para warga sarujuk yen Putri Purbasari
sing paling ayu. Amarga penyakit Purbasari wis mari lan dheweke dadi tambah
ayu.
Lengser :”Sapa kang menang?”
Para rakyat :”Putri Purbasari..... Putri
Purbasari......!!”
Lengser :”Ingkang menang ing lomba adu keayuan
inggih menika kanjeng Putri Purbasari.”
Nanging Putri Purbararang tetep ora pengen
kalah karo Putri Purbasari.
Purbararang :”Ayo tanding rambut! Sapa rambute
paling dawa kuwi sing menang.”
Purbasari banjur nguculi gelungane,
lan ora di nyana rambute Purbasari luwih dawa saka rambute Purbararang.
Lengser :”Ingkang menang tetep putri
Purbasari.”
Purbararang tetep ora terima yen di
kalahake dening Purbasari.
Purbararang :”Sik! Ana siji ngkas yaiku adu
mbandingne calon garwa. Aku Indrajaya,wis pesti menang aku amarga Indrajaya
gagah lan ganteng.Calon garwamu sapa?”
Indrajaya :”Sapa meneh nek ora lutung gedhe kuwi.”
Purbasari :”pancen kudune calon bojoku iku lutung.”
Kabeh penonton padha gumun marang calon
garwane Purbasari kang wujud lutung. Ora sue lutung mau maleh dadi joko
sing gagah lan ganteng, yaiku Gurumida.
Gurumida :”Ratumu saktemene yaiku Purbasari wis
ngomong yen aku kudune sing dadi calon garwane ,aku kudune ngelindungi lan
mbantu dheweke. Tahtane wis di rebut Purbararang.”
Akhire Purbararang lan Indrajaya
sujud marang gurumida lan Purbasari.
Indrajaya :”Ampun…..”
Purbararang :”Nyuwun pangapura Purbasari
adhiku…..”
Purbasari ngedekke Purbararang kang
lagi sujud.
Purbasari :”Mbakyu ora apa-apa yen tetep dadi ratu,
nanging kudu dadi ratu kang adil lan wicaksana.”
Purbararang :”Kowe pancen apikan adhiku
Purbasari. Kudune sing pantes dadi ratu yaiku kowe.”
Indrajaya :”Nyuwun pangapura Purbasari.”
Purbasari :”Wis ora apa-apa.”
Akhire kabeh padha urip ayem lan tentrem ing
kraton. Saka carita mau kita bisa njikuk akeh niali-nilai budi pekerti kayata kita ora oleh meri marang opo wae kang
diwenehake marang wong liya, kita ora
oleh sombong utawa angkuh senajan kita duweni kekuasaan.
Post a Comment for "contoh percakapan bahasa jawa tentang cerita Lutung Kasarung"